Pangarsa Linuwih

{[["☆","★"]]}

Oleh : Hanif Faidlurrahman_X D IPA 3

Warsa 2019 Indonesia badhe ngawontenaken pahargyan pemilu presiden lan wakil presiden. Presiden minangka pangarsaning nagari. Masyarakat mestinipun ngajeng-ajeng pangarsa ingkang linuwih kangge nagari ingkang multicultural menika. Lajeng, kados punapa pangarsa linuwih menika?

Wicantenan babakan pangarsa, kita wigatos ngelingi sesanti “Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani” ingkang dipun aturaken dening Ki Hajar Dewantara. Sesati menika dipun tujuaken dumateng dwija utawi pendidik supados saged paring tuladha saha panyengkuyung dumateng siswa. Sesanti punika ketingalipun jumbuh kaliyan pangarsa linuwih.

“Ing ngarsa sung tuladha” ngemu teges wonten ngajeng saged paring tuladha. Sawijining pangarsa kedah saged wonten ngajeng kangge paring patuladhan, mboten namung printah, nanging maringi contoh ingkang sae kangge rakyatipun.

“Ing madya mangun karsa” ateges wonten tengah maringi panyengkuyung saha  semangat. Pangarsa kedah saged campuh wonten ing bebrayan, ngrangkul, nyengkuyung saha nyemangati rakyatipun. Kejawi menika, pangarsa ugi kedah purun nampi panyaruwe lan pandangu kangge kemajuan bangsa lan nagari ingkang dipun pimpin.

“Tut wuri handayani” gadhahi teges wonten wingking paring dorongan. Pangarsa ugi kedah saged manggen wonten wingking dorong rakyatipun supados kendel wonten ngajeng kangge gayuh kemajengan saha prestasi. Pangarsa dipun ajeng-ajengaken saged nyiapaken generasi pemimpin saklajengipun saingga dadosaken proses regenerasi.

Pangarsa linuwih kedah gadhahi sikap kados sesanti menika. Pangarsa kedah saged wonten ngajeng rakyat kangge maringi tuladha; wonten tengah rakyat kangge nyengkuyung lan paring semangat; wonten wingking  paring dorongan kangge kemajengan rakyat ingkang dipun pimpin.

Posting Komentar

0 Komentar